Minggu, 07 Agustus 2011

NANDHANG WUYUNG

Sore wis ngancik wayah bengi wektu aku metu saka papan panggaweyanku ana ing Melia Purosani. Lakuku alon banget margo aku wis krasa lungkrah, kesel. Tekan pos satpam ana kang aruh-aruh.
 " Badhe kondur mbak?"
Mbarang tak clinguk jebul petugas kang lagi jaga.
"O inggih Pak, mangga", wangsulanku.
 Nembe wae aku arep neruske lakuku trus ana maneh suara kang ngundang
" Assalamu'alaikum Mbak Tiyas".
"Wa'alaikumsalam wr. wb. eh, kowe to Di, ana apa kok wayah bengi awakmu thethenguk ana kene".pitakonku marang Didi, kancane Dewi, Dewi kuwi kanca kostku.
 "Anu Mbak, sengaja ngenteni Mbak Tiyas".
 "Ngenteni aku, ana perlu apa kok njanur gunung pisan, nganggo ngeteni aku barang".
 "Aku mau saka Malioboro banjur duwe niat arep ketemu Dewi, la wektu lewat ngarep kae aku kelingang panjenengan dadi sekalian ngenteni dadi bisa bareng, kersa ya Mbak kondur sekaliyah karo namung aku nyuwun ngapuro namung nitih bebek durung bisa tuku roda papat Mbak, maklum esih kuliah".
"Yo ra apa-apa Di, biasane aku yo mung mlaku". wangsulanku.
Langit wis gumebyar, lintang lan rembulan saya nambah endahing cakrawala.Para pemuda ketok pada lelungan bebarengan. Aku nembe kelingan yen saiki malem Minggu. Ah, pantes dalanan Yogya kok rame banget. Sangsaya tambah macet apamaneh jalur Malioboro, prasasat wis kaya ana ing Jakarta.
Aku ora nggatekake laku sepeda motor, barang aku weruh dalan kang dilewati aku langsung gragap, bingung.
"Di, kok dalane lewat kene, iki rak arep nyang Jl. Solo, la wong kost-kostanku wae nyang Bausasran, piye to Di". Pitakonku bingung.
"Mbak, pangapurane sing akeh, aku krasa luwe banget, wiwit awan mau aku durung mangan, aku nyuwun palilahe panjenengan ngancani aku mangan dhisik, pancen kita arep nyang Jl. Solo, nyang kana ana ayam bakar enak banget" wangsulane Didi.
"Tapi aku ra wis mangan jam 6 mau neng kantin kantor Di".
"Aku ngerti Mbak, namung sepisan maneh aku nyuwun tulung panjenengan kersa ngancani aku mangan dhisik"
Aku kena skak, mati gak bisa nolak, nek aku ngomong ora ra penak la wong wis tekan ngarep Duta Wacana. Aku pasrah. Tekan panggonan kang dak tuju Didi langsung pesen iwak bakar, ayam bakar lan sega. Aku bingung. Kok Didi pesen akeh banget. Maneh, aku kena skak. Aku ra bisa nolak. Pancen, rasane enak banget. Ra krasa jebul wis jam sepuluh bengi.Didi ngeterke aku mulih, wektu tak elingke nek dheweke jare arep nemoni Dewi banjur jawabe arep mrana maneh sesuke.
Wektu terus lumaku, sering Didi methuk aku, alasane padha arep nyang kost-kostan. Kadang dheweke teka langsung nyang ngomah wayah aku libur, ngajak aku ngobrol ngalor ngidul. Nyritaake kuliahe neng Akademi Maritim bagian tekhnik, nyritaake keluargane kang Betawi Asli lan liya-liyane. Kadang uga teka pas wayah Dewi kuliah. Memang, sak kost namung aku dhewe kang wis nyambut gawe, kanca-kancaku padha kuliah kabeh. Aku dadi mbakyu kang diajeni banget, aku jarang bersih-bersih, wayah esuk sarapan wis cumawis, tak tinggal kerja kamarku padha diresiki, bajukupun sering disetrikaake. Enak tenan, padahal kompensasiku ringan banget, aku mung kudu nggarepke PR Basa Inggris. Iku thok.
Sawetara suwe aku sibuk banget karo panggaweyanku, aku ora nggatekake yen Didi uga wis sawetara suwe ora teka apa methuk aku. Apa maneh aku banjur pindah ana Novotel lan kostku uga pindah nyang Sagan, sak wetane Galeria. Nganti sawijining dina aku kaget, Dewi teka bareng karo Didi. Alasane uga ora lucu. Arep nyilih kamus. Aku ora ngobrol suwe karo dheweke amarga aku wis wayahe budhal kerja. Seminggu sauwise Didi teka dhewe, mbalekake kamus. Namung, Didi ngungkapake apa kang tansah dadi pikirane kang nggawe aku kaya ketiban langit, kaya kesamber bledhek".
"Mbak Tiyas, aku arep ngomong namung aku njaluk tulung panjenengan aja nyela apa kang dak omongake, sawetara suwe atiku kebak rerasan, kebak pikiran, wis suwe anggonku nahan amarga aku rumangsa durung pantes, mula kuwi aku cepet-cepet ngrampungke kuliahku lan alhamdulillah saiki aku wis entuk panggaweyah ana bengkel kapal neng Tanjung Priuk, aku sengaja teka nyang Yogya nemoni panjenengan, minggu wingi sakjane aku arep ngomong namung aku krasa ra penak karo Dewi, aku ngerti mbak, sak wise Dewi pisah karo pacara, dheweke ana ati karo aku tapi aku ra tau nanggepi amarga wis wiwit mbiyen aku nduwe gegadhangan wong wadon kang arep dadi sisihanku, ibu anak-anakku lan aku nembe arep ngomong nek uripku wis mapan. Lan saiki aku wis entuk panggaweyan, aku uga wis ngomong karo wong tuaku. Mbak Tiyas, aku tresna karo panjenengan saka lair tumusing batin, aku kepenging Mbak Tiyas nglairke anak-anakku".
Aku nangis, atiku krasa lara banget, aku bingung kudu aweh wangsulan apa.
"Di, aku kudu kepiye, aku kudu njawab apa".
Didi meneng, padha bingune karo aku. Tak tata atiku, kepiye maneh, Didi kudu ngerti kasunyatan iki. Aku ngerti Didi bakal kuciwa, bakal lara ati.
"Di, pangapuramu sing akeh, aku kudu terus terang karo awakmu yen saiki aku wis ana kang nduweni, aku wis krama Di"...................
Causeway Bay, 22 Juni 2008

Tidak ada komentar:

Posting Komentar